IKLAN

Babad Kulonprogo (Bagian IV)

D. Kadipaten Adikarta. 

Adikarta merupakan wilayah Pura Paku Alaman. Sejak tahun 1951 Adikarta digabung menjadi jadi satu dengan Kabupaten Kulon Progo yang beribukota di Wates. 

1. Dhandhanggula

Babad Paku Alaman winarni,
hamangeti hadeging kang Pura,  
sinengkuyung Tuwan Raffles,     
kondhang Jendral Gubernur,           
Perjanjian Tuntang sayekti,
mapan ing Salatiga,
Perenging Merbabu,
Pangeran Natakusuma,
Winisuda minangka Gusti Dipati,
Jeng Arya Paku Alam.

Sengkut wadya Karang Kemuning,
Mbata rubuh sorak mawurahan,
Pacak baris suka rame, 
Mila sami amunjuk,
Syukur marang Hyang Maha Widi,
Praja Paku Alaman,
Pasir Urut  Sewu,
mbangun raharjaning Pura,
Abdi dalem sepuh anom kakung putri
Adikarta kuncara.

2. Pangkur

Pangeran Natakusuma,
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati,
Arya Paku Alam tuhu, 
Lenggah dhampar kencana,
Pura Agung Paku Alaman kang luhung, 
Pangayoman pra nayaka,
Sentana kawula dasih.

Manut perjanjian Tuntang, 
tapak asma tepining rawa Pening, 
Sisih ler gunung Merbabu,
Perenging Telamaya,
Wulan Maret tanggal pitulas kasebut, 
sewu sangang tus telulas,
ing praja Karang Kemuning.

3. Pucung

Pura agung Paku Alaman ngrembuyung,
Ngejayeng bawana,
Gagah jumangkah makarti,
Tlatah Tuntang perjanjian ing Semarang,

Wusnya rampung Paku Alam kang linuhung,
Sri Natakusuma,
Tuwan Raffles mandhegani,
Yasa praja kang sinebut Adikarta. 

4. Mas Kumambang

Narapraja ing sakjroning puri,
Pangeran Natakusuma,
Sigra kersa andhawuhi,
Nindakake kewajiban.

Wus kasusra saindhenging jagad raya,
Nama perjanjian Tuntang,
Gusti Kanjeng Adipati,
Paku alam kawisuda

5. Kinanthi

Babad Pasir Urut Sewu,
katelah Karang Kemuning
Pangeran Natakusuma,
Jumeneng dadya Dipati,
Paku Alam kang sepisan,
Sesambetan bangsa Inggris.

Tlatah Tuntang nyata arum,
Cikal bakal tandha yekti,
Tumrap wangsa Adikarta,
Setya tuhu darma bekti,
Sempuluring kawibawan,
mrih bagya mulya lestari.

Kali Progo menjadi pembatas Kabupaten Sleman dan Kulon Progo. Mata air dari Gunung Sundoro, gunung Sumbing, gunung Merbabu, Gunung Menoreh dan gunung Merapi.

Kota Wates Kulon Progo menempati jalur strategis. Hadirnya Bandara Internasional Yogyakarta sejak tahun 2020, membuat kota Wates memiliki prospek yang makin cerah. Kulon Progo menjadi pintu utama kawasan Jawa bagian selatan. Kota Wates berperan lebih utama. Babad Kulon Progo mencatat suasana luhur misuwur.

Selesai

(Editor : Triana)

Posting Komentar

0 Komentar