IKLAN

Makna Usia Senja Atau Tua (Bahasa Jawa)

|Uploader: R.001|

Disunting dari karya KGPAA Mangkunegara IV (disajikan dengan bahasa aslinya (basa Jawi)

==============================


SEJATINING  SEPUH:

Dados sepuh punika prekawis ingkang sok boten gampil. 

Tuwa ateges ngenteni metune nyawa

Malah wonten ingkang sampun pikun lan kathah kesupenipun. 

Pramila, sanadyan sampun sepuh/adiyuswo, kedah ngudi supados boten ngantos kekirangan pangertosan

Tiyang sepuh ingkang kirang pangertosan, saged dhawah ing kawontenan ekstrim kalih, inggih punika :


Ingkang sepisan:

Rumaos wis tuwa, ateges wis gerang (segere arang-arang), wis loyo, wis lara-laranen, wis ora bisa apa-apa, wis ora duwe apa-apa lan wis dudu apa-apa maneh.

Tiyang sepuh ingkang mekaten rumaos sepi, sepa, lir sepah lan samun.

Sepi, tegesipun ngrumaosi tanpa kanca tanpa kanthi, utawi ngrumaosi namung gesang piyambakan. 

Sepa, tegesipun gesang mboten ngraosaken sakeca,dhahar ngunjuk boten kraos eca, lenggah, tindak, sare, inggih boten kraos sakeca.

Sepah, tegesipun rumaos kados sampah tanpa wonten ginanipun ing bebrayan.

Samun, tegesipun rumaos tanpa aji, kabucal saking bebrayan.

Kawontenan makaten punika lajeng nuwuhaken semplah ing manah ..., minggahipun frustrasi wusana lajeng depresi.Tiyang mekaten punika sagedipun namung sambat, mboten saged ngaturaken syukur dhateng kanugrahaning Gusti.


Ingkang kaping kalih:

Tiyang sepuh wonten ing pakempalan tumindakipun gonyak-ganyuk nglelingsemi / ngisin isini.

Gonyak-ganyuk tegesipun pangandika lan tumindakipun boten trep kaliyan kasepuhanipun.

Amarlgi rumaos "bisa" lajeng kekathahen pangandika, nuruti pamanggihipun pribadi..., mBoten purun dipun anggep klentu amargi mbujeng/mburu pangalembana.

Tiyang sepuh ngaten punika winastan hanggadahi gerah post power syndrome, amargi kecalan panguwaos.


LHA  SEJATOSIPUN..., KADOSPUNDI  DADOS  TIYANG  SEPUH  INGKANG  SAESTU.... ?

Gambaran sejatining sepuh inggih punika :


Waspada ing semu:

tegesipun mangertosi kersanipun tiyang sanes nadyan mboten kawedharaken.

Sinamun  sinamudana:

tegesipun sinaosa pinter nanging kasimpen ing salebeting manah. Kapinteran lan kaprigelanipun mboten dipun umukaken.

 Dene menawi dipun suwuni wawasan, anggenipun paring dhawuh kanthi terwaca ugi mawi cara ingkang ngremenaken, ateges boten ngremehaken.


LHA,  LAJENG  KADOSPUNDI  CARANIPUN  DADOS  SEJATINING  SEPUH ?

Kedah kawiwitan kanthi mulat sarira (mawas dhiri)..., mangertosi kekiranganipun dhiri.

Amargi taksih kaparingan gesang dening Gusti ..., ateges taksih kedah makarya. Wujuding pakaryan saged punapa kemawon, langkung prayogi bilih nindakaken hobby sae, kados upaminipun : olah tetanen, nganggit lagu, geguritan, paguyuban karawitan, masak, lan sak panunggalanipun.

Kangge nyengkuyung ngindhakaken pangertosan, sae menawi tansah sinau.

Sinau punika saged kanthi maos buku-buku, ugi sambang-srawung kaliyan kanca.

Sinau punika piguna sanget kangge nyegah tiyang dados pikun, awit nalar tansah dipun asah. Semangat sinau ugi dados tuladha tumrap putra wayah. 

Sing tuwa wae ora kendhat sinau, sing enom kudune luwih tumemen anggone padha sinau....



Sumbering waosan :SERAT WEDHATAMA



Posting Komentar

0 Komentar